Wednesday 10 August 2022

Bisnis Modern lawan Usaha Biyen

 


Sakwise Bapake sedha, Yuli karo Yoga ditawari kerja ing tokone Paklik. Ning Yoga nolak, jarene arep bisnis bae.


"Bisnis apa kuwi, Mas? Mung tura-turu?" takone Yuli, sajak ngremehake.


"Yo iki jenenge bisnis modern, ora usah nibo tangi. Cukup ndelok video ning hape, dhuwit turah-turah," wangsulan Yoga, kanthi radha jumawa.


Ning Yuli ora percaya lan ora melu-melu, dheweke tetep kerja rajin ing tokone Paklik.


Limang taun sakwise, Yuli wis duwe omah dhewe lan uga bisa ngajak ibune melu ngenggoni. Nanging Yoga ya tetep tura-turu bae. Ora ana bedane saka kahanan ekonomi.


"Wah, bejo kowe, Yul. Duwe omah bagus tenan ketokane." Yoga ngomentari omah adhine.


"Yo ngene iki jenenge usaha jaman biyen, ndak modern. Berakit-rakit ke hulu, berenang-renang kemudian. Dadi ora apa-apa nibo tangi dhisik, ning lak jelas hasile." Yuli gentian sing jumawa. 


"Iya. Ora kaya kowe, Ga! Nganti mripate panas ndeleng video, jebule mung investasi bodong. Salahe ora manut karo wong tuwa." Paklik melu nyauti.


"Oalah ... Urip-urip, wis kena diapusi, ijek disalah-salahke sisan." Yoga nepuk-nepuk gundhule. "Wis tibo, njur ketiban ondo."


☀️☀️☀️


Rencananya dikirim ke sebuah majalah berbahasa Jawa, tapi ternyata jumlah karakter tidak mencukupi.


 

No comments:

Post a Comment